Jumat, 08 September 2023

Pahargyan Silaturahim Manten

Oleh: Winarto

Salam Muqodimah..

Dumatheng para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang ingkang satuhu pono ing pamawas saha lebda ing pitutur, ingkang hangung mastuti dumatheng pepoyaning kautamen…ingkang tansah kinabekten....

Dumateng para 'alim ulama, para kiai ingkang kawulo mulyaaken ugi ingkang tansah kulo ajeng-ajeng barokah ngilmunipun.

Para pangemban pangembating praja, satriyaning negari, bapa pangreksa desa miwah para pamong minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang tansah kinormatan…

Linangkung dumateng kadang besan….panjenenganipun ......... sekalian ingkang kawula hormati ugi….

Para lenggah, para tamu, kakung sumawana putri, ingkang tansah bagya mulya…..

Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken  ngaturaken puja puji syukur wonten ngarsa dalem gusti Alloh, awit saking sih rahmat, barokah ipun dumateng kita sedaya, ing sahingga wonten ing kalenggahan punika kita saged kempal, manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking sambekala.

Sholawat ugi salam..mugi taksih katetepaken dumateng junjungan kita injih nabi agung Muhammad SAW

Nuwun sewu…keparenga kula marak sowan ngadeg.. wonten ngarsa panjenengan sedaya awit mundhi dawuh saking ingkang hamengku gati supadhos handerekaken lampahing adhicara pahargyan silaturahim wonten ing kalodhangan punika

Kangge nggemeni wekdal sumangga acara wonten ing siang punika tumunten kawiwitan, nanging sak deringipun perlu kita aturaken rantamning adicaro ingkang sampun rinacik wonten ing siang punika:

  1. Pambuka
  2. Atur Pambagya harja Wilujeng Basuki
  3. Atur Pangandikan saking kadang besan sutrisna
  4. Atur sugata panampi
  5. Sumene
  6. Penutup

Sumangga acara wonten siang punika kita bikak kanthi waosan basmalah... kula dherekaken...

Bismillahi rahman nirahim.....

Matur nuwun ... mugi kanthi waosan basmalah punika acara wonten ing siang punika saged lumampah kanthi sae...lancar...mboten wonten rubedha setunggal punapa.  Aamiin 3x....

Para bapak, Ibu lan sedaya para lenggah ingkang satuhu kinormatan... tumapak ing adhicara ingkang angka kalih inggih punika Atur pambagyaharja wilujeng basuki saking keluarga Bp .... estu wonten ing kalodhangan ingkang sae punika panjenenganipun Bp..... badhe matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, ananging awit saking mongkok lan bombonging manah, sedaya namung kandheg wonten manah. Pramila saking punika dhumateng bp .... supadhos anylirani adicara punika minangka duta saroya menggah sulih sariro saking bp....dalah ibu. Dhumateng panjenenganipun bpk ......  sumangga katur.

Kita aturaken matur nuwun dhumateng Bapa ...... ingkang sampun kersa hanylirani minangka duta sarayo dalah sulih sariro saking bpk........

Para bapak, para ibu lan sedaya para lenggah ingkang satuhu kinormatan, nuwun sewu sak derengipun adicara kita lajengaken, wekdal kita punggel sak wetawis, kangge sumene ingkang angka sepisan. Ing mbok bilih sak mangke para kadhang wiranem badhe marak sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya ngaturi unjukan taya anget saha lampiranipun, kasuwun para penggah sedaya angrahapi kanthi sakecane manah sinambi kalian midhangetaken langgam....

Nuwun sewu para bapak, para ibu lan sedaya para lenggah...mboten ateges ngirangi kamardikan anggenipun ngunjuk lan dhahar...ananging ngemoti wekdhal ingkang san saya siang...pramila adicara kita lajengaken malih.....

Ndangkap adicara ingkang angka sekawan...inggih atur pangandikan saking kadhang besan sutrisna. Dhumateng bapa.... minangka duta saroya dalah sulih sarira saking panjenenganipun bpk....sumangga katur.....

Tatas, titis, tetes...punapa ingkang dipun aturaken kalian bapa..... minangka duta saroya dalah sulih sariro saking panjenenganipun bpk....

Paripurnaning adicara atur pangandikan saking kadhang besan sutrisna....kita llajengaken adhicara ingkang kaping gangsal inggih punika Atur sugata panampi. Dhumateng bapa..... sumangga katur.

Kita aturaken matur nuwun dhumateng panjenenganipun bapa... ingkang sampun kersa anylirani atur sugata panampi sakang kadhang besan.

Para bapak, para ibu lan sedaya para lenggah...ingkang satuhu kinormatan.... sak derengipun adicara sak lajengipun, wekdal kita punggel sak wetawis kangge acara sumene engkang angka kalih. Inggih punika kembul bujana andrawina. Awit saking punika kasuwun dhumateng sedaya para lenggah tindak wonten sasana boga. Sedaya para lenggah kasuwun ngrahapi kanthi mardu mardikaning penggalih sumangga.

Para bapak para ibu lan sedaya para lenggah ingkang satuhu kinormatan....acara kembul bujana andrawina sampun kapenggalih cekap, pramila adhicara kita lajengaken. Adhicara ingkang angka enem inggih panutup.

Sak derengipun adhicara punika kita tutup, tentunipun kemawon anggen kawula nderek aken adicara wonten ing siang punika wiwit purwa, madya dumigi wusana...kathah manggih kalepatan, kathah galap gangsulipun atur, gonyak ganyukipun wicara miwah mboten jangkep wonten ing unggah ungguh lan tata basa, ingkang saged ndamel runtiking penggalih para lenggah sedaya, saestu kula pribadi nyuwun agunging pangarsama. Sumangga acara pahargyan silaturahim wonten ing siang punika kita pungkasi kanthi waosan hamdalah sumangga....

Matuur nuwun....saking kula cekap semanten....

Billahi taufq wal hidayah.... wassalamu alaikum wr wb.

Related Post:

  1. Cerita Sangkuriang
  2. Ramadhan di Kampung Tempo Doeloe
  3. Makna Kemerdekaan
  4. Mengenal Gerakan G30S-PKI
  5. Makna HUruf JAWA
  6. Cut Nyak Dien: Pahlawan dari Aceh
  7. Sepuluh Nasehat Sunan Kalijaga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Featured Post

Menghilangkan Key Produck pada Microsoft

Oleh: Winarto Sobat semua, sering kali apabila kita menggunakan microsoft kita diminta untuk memasukkan kunci produk, agar semua fasilitas p...